Kaca:Sapu.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Saiki perkarane sing sesambungan karo gabah utawa pari mau, ora mung tekan semono, isih ana perkara siji sing luwih gedhe lan mbebahayani kanggone lahan pertanian. Yen perkara siji iki ora cepet dirampungake utawa dinengke wae mula bisa marahi bencana gedhe lan bisa mateni wong sak-Indonesia, Perkara perkara gedhe kuwi ora liya, yaiku bab pengeringan lahan utawa alih fungsi lahan pertanian.
Apa ta pengeringan lahan kuwi? Pengeringan lahan ya kuwi alih fungsi lahan sawah sing isih produktip dadi ora produktip maneh. Contone, kayata sawah subur didadekake omah, perumahan, pabrik lan sapiturute saengga ora bisa ditanduri pari.
Yen pengeringan lahan mau diuja terus anane gur tanduran pari bisa dadi pondhasi, lahan sawah dadi pekarangan omah, uwong macul dadi uwong ngebur, galengan sawah banjur dadi dalan macet lan traktor utawa alat bajak sawah banjur dadi buldoser utawa stonmurals.
Saiki kepiye yen perkara iki ora cepet dirampungi, mosok wit pari arep pada ditandur ana ing ndhuwur aspal, apa wit pari arep ditandur ana ing pondhasi apa neng nduwur jubin le arep nandur pari. Perkara iki biasane kedadean amarga para perani keno utang, bujukan pemborong utawa pikiran petani sing cupet dadi ngedol sawah amarga wis jeleh ngerumat sawah, kepincut ngerumat duit sing le entek cepet.
Saka kabeh usaha susah payah para petani mau, eleke petani gur kaya didhadekake babu utawa robot saka pemerintah, amarga rega gabah saiki ora sebanding karo usaha rekasane petani. Ijih ditambahi rega rabuk saya suwe saya larang, rabuk iki salah sijine barang penting kanggo nandur pari. Saka kabeh masalah kasejah- teraan petani mau ditambah pemerintah luwih seneng ngimpor beras saka negara njaba kaya Thailand lan China amarga beras impor luwih murah saka beras lokal, nangging kualitas beras impor kuwi ora luwih apik saka beras lokal. Yen pemerintah senengane ngimpor beras terus, piye petani isa makani anak bojo amarga rego beras lokal murah. Yen iki diterus-teruske, piye

100