Kaca:Sapu.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Indonesia iki negara agraris, cocok kanggo nandur apa wae kaya sayur, buah, lan mligine uwit pari. Ewasemono kok ya isih ana wae para nom-noman sing padha wegah nandur pari utawa wegah dadi petani. Kudune awake dhewe para nom-noman ru mangsa mongkok utawa bangga yen bisa dadi petani, lan aja malah mindher utawa isin. Amarga gaweyan petani iku luhur, bisa mbiyantu lan nguripi wong akeh.
Saka Sabang tekan Merauke isih akeh lahan sing bisa diolah kanggo warna-warna gawean. Lahan sawah kuwi ora mung bisa ditanduri pari wae, nanging bisa uga ditanduri liyane, kayata jagung, bayem, lan sakpiturute. Nanging lahan saka Sabang tekan Merauke isih sithik wong kang gelem nandur wit pari, amarga regane murah lan ora mbejaji. Kepara rega pari kalah karo rega karet lan kelapa sawit. Uwong luwih seneng nandur wit karet utawa kelapa sawit amarga regane larang lan pasarane gampang. Ananging apa iya, negara Indonesia iki kabeh arep ditanduri wit karet karo kelapa sawit. Yen ora ana sing gelem nandur pari, apa iya kabeh uwong arep padha mangan tlutuh karet lan isi kelapa sawit.... Yen mengko nganti ora ana sing padha nandur pari, mesti rega beras luwih larang seka rega kelapa sawit.
Kanggo nyukupi pasaran karet lan lenga ing negara manca, ana pawongan sing nganti nekad nggusur sawah-sawah kang maune ditanduri pari. Sawah mau banjur ditanduri wit karet utawa kelapa sawit. Uwongora padha mikir dawa akibate menawa mbukak alas banjur didadekake kebon karet utawa kelapa sawit. Sakbanjure, wong-wong padha nekad mateni kewan-kewan alas mung kanggo mbukak lahan karet lan kelapa sawit. Kepara uwong-uwong uga nekad mhabadi uwit-uwit gedhe sing wis langka diprangguli. Uwong-uwong ora padha mikir dawa, yen kewan langka asli Indonesia kuwi bisa entek. Kamangka rega kewan langka mau bisa ngalahake regane tanduran. Kepara, kewan sing dipateni mau kalebu kewan warisan donya. Pancen bener yen saiki manungsa mung mburu dhuwit kabeh. Yen wis weruh dhuwit akeh, apa wae gelem nglakoni, embuh kuwi apik apa elek.

99