Kaca:Sapu.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

keyong lan sapanunggalane supaya tanduran pari ora rusak. Ora lali para tani langsung maculi galengan sing rusak, maculi sawah kanggo ngawe dalan irigasi banyu supaya pari bisa oleh banyu kang rata.
Tetes kringet para tani ora uwal saka panasing srengenge lan kesele anggone nggarap sawah. Nanging kabeh mau ora masalah kanggone para tani anggone ngopeni wiji emas sing dienten-enteni pametune. Saka saiji pari kuwi bisa menehi manpangat sing gedhe, bisa dadi dhuwit milyar-milyaran, malah bisa dadi trilyunan lan bisa nguripi yutan wong Indonesia. Nanging saka saiji gabah bisa njalari bencana gedhe, perang, lan memala. Amarga yen ing Indonesia ora ana beras bisa njalari uwong padha kaliren. Yen wong-wong pada kaliren bisa njalari gelut, lan yen wong Indonesia padha gelut mesti nyebabake perang antar golongan, suku, ulawa dhaerah.
Jaman saiki kabeh masyarakat perlu prihatin amarga akeh bocah enom Indonesia sing wis wegah dadi petani. Kahanan mau amarga bocah enom padha isin, wegah rekasa, lan regane gabah ora sebandhing karo rekasane. Pikiran sing kaya ngono kuwi mau kudune diilangake amarga yen para pemuda Indonesia ora gelem dadi petani, sapa meneh sing bakal nerusake? Gaweyan luhur nandur pari iku tinggalane para leluhur kalebu wong tuwane awake dhewe. Mula yen padha ora gelem nandur pari, banjur arep padha mangan apa? Apa padha arep mangan watu? Apa padha arep mati kaliren?
Pancen bocah enom jaman saiki wis padha isin nek nyambut gawe neng nggon sing reged, pepanasan lan rekasa. Pancen bocah enom jaman saiki padha keset, gaweyane mung turu, mangan, lan dolan. Bocah-bocah enom yen dikon nyambut gawe padha wegah, apa maneh nyambut gawe rekasa. Karepe padha nyambut gawe neng enggon sing kepenak, kayata toko, kantor, lan sapiturute. Yen kahanane kaya mangkene banjur kepriye negara Indonesia bisane makmur lan dadi negara swasembada beras?

98