Kaca:Sapu.pdf/107

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
APA ISIH ANA GABAH 10 TAUN MANEH
Banor Antra
SMA Negeri 1 Gamping


Saiji gabah bisa dadi sahektar tanduran pari, uga bisa dadi puluhan ton beras lan bisa dadi dhuwit mayuta-yuta. Miturut para kanca, saiji gabah ora bisa kanggo makani pitik nganti wareg. Nanging yen saiji gabah iku ditandur bisa dadi sak uwit pari. Saka sak uwit pari kuwi bisa manak paling sithik dadi 30 uwit pari. Saka 30 uwit pari kui bisa manak maneh dadi 900 uwit pari. Apa maneh yen gabah mau ditandur ing lemah subur, kerep dirabuk, lan kerep diwatun.
Menawa ing Indonesia iki ora ana gabah, awake dhewe bisa mati kaliren, amarga wong ing Indonesia panganan pokoke saka sega. Ayo coba pikiren, yen awake dhewe sedina bisa mangan kaping telu, ateges sedina bisa ngentekake beras paling ora 3 ons. Lha Fren sesasi awake dhewe bisa ngentekake beras 9 kg. Mendah akehe yen nganti setahun, jalaran kuwi padha karo 108 kg.
Saka beras semana akehe, kepriye nasibe awake dhewe yen ora ana beras ing Indonesia? Pamikire para tani, gabah iku padha karo wiji emas. Nanging wiji emas iki thukul ana ing sawah lan metu saka uwit pari, ditandur nganggo usaha, tetes kringet lan donga saka para tani. Saben esuk para petani menyang sawah nggawa pacul, caping, lan cengkrong. Tekan sawah para tani langsung ngresiki suket-suket ing sawah. Uga ngresiki hama

97