Kaca:Sapu.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Tumrap wong kang duwe kanca utawa tunggal omah sing ngrokok, kulinakna ora cerak-cerak nalika uwong mau lagi ngrokok. Tujuane, supaya ora kena kebule lan bebas saka racune. Rokok elektrik klebu sawijining solusi amarga sipate kang ora kaya rokok tradhisional. Sajatine, ngrokok uga ngrusak alam awit ningkatake pemanasan global uga dadi sumber polusi.
Rokok elektrik pancen tau kagadhang dadi solusi tumrap kapitunan merga rokok tradhisional. Nanging, ing panaliten pungkasan dijlentrehake menawa rokok elektronik iku pranyata luwih mbebayani tinimbang rokok tradhisional. Saka panaliten ing Cina dipiterang menawa rokok elektrik iku akeh toksine saengga bisa njalari pati. Semono uga, saka panaliten BPOM kabukten yen kandungan nikotin ing rokok elektrik pranyata luwih akeh yen katandhing karo rokok tradhisional. Dadi, murih ora repot milih rokok sing endi, becik milih ora ngrokok. Dadi, sanajan pabrik rokok terus gawe rokok anyar kanthi iklan kang nengsemake, awake dhewe aja nganti kapilut. Kepriyea wae, rokok kuwi ngrugekake: nganggu kasarasan, mborosi, uga ngrusak lingkungan.

96