Kaca:Sapu.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

  1. Antologi Geguritan Lin Esai Bengkel Rahasa dan Sastra Jawn 2012 Dolana karo uwong-wong kang ora ngrokok utawa wong- wong sing apik supaya kowe bisa melu kebiasaane uwong- uwong mau.
  2. Aja seneng nunggu utawa meneng wae tanpa tumandang apa-apa. Kahanan kang kaya mangkono mau lumrahe ndadekake anggone ketagihan ngrokok saya adreng.
  3. Umpama pengin banget ngrokok coba dicandhet samenit. rong meruit, telung menit kanthi gunggungan wektu nyandhet kang saya suwe. Yen tetep isih pengin ngrokok, ambegana liwat cangkem terus ditokake uga liwat cangkem. Bolan-balenana ngasi kurang luwih ping lima tekan ping sepuluh.
  4. Jajal gawa kembang gula utawa permen rasa mint. Saben kepengin ngrokok, emuten wae permen mau kanggo nyuda anggone kepengin ngrokok.
  5. Omonga karo uwong-uwong sing cerak kayata kulawarga, pacar, utawa kanca raketmu supaya uwong-uwong mau gelem menehi motivasi utawa lan ngelekake umpama kowe kepengin ngrokok.
  6. Pindahna barang-barang sing bisa ngelingke kowe marang rokok, kayata asbak utawa korek. Kabeh mau prelu supaya kowe bisa lali lan ora kelingan marang rokok.
  7. Aja nggatekake pangajake uwong-uwong sing mung arep ngajak kowe bali ngrokok.
  8. Aja nggatekake aloking wong kang wose mung ngangkah supaya kowe bali ngrokok maneh. Upamane, alok kang ngonekake cethil, ngirit, banci, lan sapanunggale.
  9. Tansah ngeling-eling rugine yen dadi perokok: impotensi, boros, jantungen.
  10. Kabeh kuwi gumantung awake dhewe. Yen tekade wis kepleng, takkira mesthi bisa. Apa maneh, karo ngelingi yen ngrokok kuwi uga ngrugekake liyan.

95