Kaca:Sapu.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

kume rokok elektronik ing Indonesia durung cetha. Ana sing muni legal, nanging uga ana sing nganggep illegal. Sing nganggep ilegal ngugemi ananing asil panaliten kang nyebutake yen rokok elektronik iku luwih mbebayani tinimbang saka rokok tradhisional. Sanajan mangkono, sing dodol rokok elektrik ing Indonesia tetep ana.
Upama Indonesia uwis luwih maju uga luwih makmur, takkira bakal akeh kang luwih milih rokok elektrik. Apa maneh, tumrap wong wadon sing seneng ngrokok. Mligine, yen digathukake karo anane imbauan kang ngelingake menawa rokok bisa ngrusak anggone mbobot, kepara uga marang si jabang bayi kang isih ana ing sajroning kandhutan. Apa iya imbauan mau isih dianggep kurang cetha? Kejaba asipat ngrusak awake dhewe, ngrokok uga ngrugekake tunrap liyan kaya kang wis kasebut mau. Murih anggone ngrokok ora banget ngrugekake liyan, sapa wae sing ngrokok kudu migatekake kahanan sacedhake. Yen arep ngrokok, kudu ngedoh saka liyane. Magepokan karo kuwajiban kang mangkono mau, ing papan-papan umum lumrahe banjur ana larangan kanggo ngrokok. Wong sing arep ngrokok disedhiyani papan dhewe. Wujude kaya kamar kaca kang rapet. Mung ing papan mau wong bisa ngrokok kanthi mardhika. Awit, kabeh kang ana ing papan mau uga perokok. Njangkepi paugeran mau, uga ana paugeran kang ngatur bab olehe ngrokok. Ngrokok saenggon-enggon dipatrap pidana gedhe, kang gunggunge nganti yutan.
Kepiye wae luwih becik ora susah ngrokok. Sing ora dadi perokok aja wani-wani nyoba rokok. Satemene, ngrokok kuwi pasiksan. Ora ngrokok krasa kecut, bingung, lan sapanunggale. Arep ngrokok kok mbeneri ing papan kang ora diolehake. Arep nekad, mengko gek-gek konangan banjur didendha. Tumrap kang wis kebacut dadi perokok, ing ngisor iki kajlentrehake tips-tips supaya bisa leren utawa mandeg anggone ngrokok.

94