Kaca:Sapu.pdf/103

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

ing ngendi papan. Awit, geni lan kebule kabeh mung gaweyan. Dadi, kaya kasebut mau, ora bakal marakake plepek uga ora bakal marakake kobongan. Cekak aose, rokok elektrik kuwi wujuding kemajuan teknologi, mligine nano teknologi.
Kebiasaan ngrokok iku asline ora apik. Nyatane wae, ing bungkus rokok uwis ono tengere, yaiku bisa marakake kanker, serangan jantung, impotensi, lan gangguan janin. Pancen sawernaning resiko mau ora langsung dirasakake. Dadi, rikala enam ngrokok pancen kaya-kaya ora ana efek sampinge. Resiko mau lagi krasa yen wis wiwit ngumur. Upamane, 50 taun apa saluwihe. Bab mau gayut karo wis ngethele sawernaning zat kang mbebayani tumrap awak, kayata nikotin utawa tar ing perangan tartamtu. Lumrahe, paru-paru utawa jantung, Beda karo rokok mbako, rokok elektronik nggunakake keping filter lan sensor aerodinamis kanggo ngatur kebul sing ditokake. Ing rokok elektronik uga ana cairan sing gunane kanggo nggawe wangi-wangi.
Upama ing rokok tradisional iku ono nikotine watara 1,1 mg/pcs. Dadi, ing sak bungkus rokok ana 1.1mg dipingke 20 = 22 mg nikotin. Ing rokok elektrik kandhutan mau luwih sithik. Saben 300 sedotan luwih, utawa kurang luwih watara 20 ler rokok, kandhutan nikotine mung 6 mg. Dadi, upama bocah-bocah sing uwis kebacut ngrokok banjur diganti rokok elektronik, bokmenawa bisa ngelongi perokok ing Indonesia. Ing manca, kang kondhang luwih maju uga luwih makmur, wis akeh uwonguwong sing ngganti rokoke nganggo rokok elektronik. Ing manca uwong uwis gampang menawa golek rokok elektrik. Ing toko-toko luar negeri uwis akeh sing nyediakake rokok elektronik. Upama ing Indonesia akeh toko sing nyediakake rokok elektronik kanthi rega kang uga murah, takkira rokok elektronik bakal payu laris.
Rokok elektronik iku wujude persis rokok umume. Mung wae, yen rokok elektronik iku entek, bisa diisi (di-charge) kaya dene baterai HP. Dadi, ora saben entek banjur tuku maneh. Hu-

93