Kaca:Sapu.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

koyok utawa balsem utawa nikotin, rokok elektronik uga menehi asupan nikotin marang awak. Nanging, kanthi alon-alon, rokok elektronik bisa ngurangi utawa malah ngendekake pakulinane wong ngrokok. Asile ora banjur apik awit rokok elektrik kui meh padha karo rokok tradisional, yaiku tetep nduweni kandutan nikotin. Nikotin mau asipat zat adiktif utawa zat sing marakake wong sing nganggo kecanduan.
Wong ngrokok sing klebu uwong-uwong deduwe utawa sugih lumrahe banjur padha ganti rokok elektronik. Lumrahe saka ngrumangsani yen rokok kuwi sajatine ngrugekake. Mula, sadurunge bisa ngendeg anggone kepengin ngrokok, wong-wong mau banjur malih ngrokok elektronik. Upama wae, rokok elektronik kuwi ora larang banjur uga dibiwarakake ya ing kutha ya ing desa, takkira akeh wong sing kulina ngrokok banjur ganti ngrokok elektronik. Eman, regane pancen ora bisa Rp5.000-nan. Dadi, ya ora akeh sing bisa tuku.
Rokok elektrik iku aman lan bebas saka bahan-bahan kimia utawa ora ngandhut 4000 zat kimia sing ana ing rokok tradisional sing bisa nyebabake kanker paru-paru, otak, rahim, ginjal lambe uga marai untu Ireng. Rokok elektrik tetep ana kandungan nikotine. Nanging, luwih ora mbebayani kulawarga amargo kebul sing metu pancen ora mbebayani. Eling, "perokok pasifiku luwih dirugekake tinimbang perokok aktif. Dadi, yen ana bapak utawa anggota kulawarga sing ngrokok, asline sing rugi iku sakulawarga. Embuh bapake, ibune, kamase, adhine, utawa malah bojone bakal nandang minangka perokok pasif. Kamangka, minangka perokok pasif, resiko resikane keno kanker luwih gede.
Bali bab rokok elektronik. Rokok elektrik iku bebas utawa tanpa geni. Kang murub abang kaya geni iku mung urubing lampu kang kasetel kaya urubing mawa rokok. Dadi, ora ngemot resiko kebakaran. Dene kebule, uga dudu kebul kang kadadean saka sawernaning obong-obongan kang ngandhut zat-zat kang mbebayani. Kebul mau mung kebul gaweyan kang ora ana racune. Keistimewaan liyane, rokok elektronik iku bisa dirokok

92