Kaca:Sapu.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ROKOK ELEKTRONIK
Reza Ari Muhammad
SMA Negeri 1 Sentolo
Uwong-uwong jaman saiki mbok menawa pada durung ngerti rokok elektrik (electronic cigarette utawa e-cigarette) iku apa. Rokok elektrik pancen durung terkenal. Rokok elektrik, yaiku rokok sing digawe mligi kanggo perokok sing pengin mandeg utawa ngurangi kebiasaan ngrokoke kanthi cara sing kepenak utawa nyaman Sawetara iki rokok elektrik kabukti aman kanggo sing ngrokok uga kanggo lingkungan sekitare. Ing negara-negara maju kaya Amerika rokok elektrik wis popular. Rokok elektrik karan uga rokok palsu. Bisa diarani bener awit rokok mau ora nganggo mbako utawa campuran liyane, kayata cengkeh.
Rokok elektronik wiwit digawe tahun 2003 dening SBT co ltd, perusahaan saka Beijing. Rokok elektronik dioperasekake nganggo batu utawa baterai. Kaluwihan liyane, umpama uwis entek kebule, rokok elektronik bisa diisi (dicharge) maneh. Nanging, regane rokok elektronik pancen klebu larang, bisa nganti Rp200,000,00. Dadi, uwong-uwong pinggiran urung bisa melu ngrasakake rokok elektronik iki. Nikotin sing diasilake saka rokok elektronik kasedhot nalika wong mau nyumet lan nyerot rokoke. Bedane karo rokok tradhisional utawa rokok lumrahe. yaiku rokok elektronik ora ngasilake tar lan zat-zat berbahaya liane kang lumrah tinemu ing rokok tradisional. Padha karo

91