Kaca:Rembuyung.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

KEPENGIN RABI
(Dhandhanggula)



Cah saiki yen kepengin rabi,
kluyar-kluyur ing wengi lan rina,
kadya ndang tekan sedyane,
sajak suwe ingantu,
asih-asihan tanpa dadi,
dhuh Gusti tulungana,
jodhone katemu,
ingkang padha nandhang branta,
darapon kumpul kebo dipun tebihi,
manut cara agama,

10i
10a
8e
7u
9i
7a
6u
8a
12i
7a

100