Kaca:Rembuyung.pdf/98

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Aryono



LARA WUYUNG
(Dhandhanggula)
Adhi ajeng aku mau ngimpi, 10i
andon tresna klawan jeneng sira, 10a
ingsun banjur mikirake, 8e
atiku tansah bingung, 7u
apa ngene wong nandhang branti, 9i
paringana usada, 7a
jalma lagya wuyung, 6u
njaluk leganing wardaya, 8a
ladenana kang dadi senenging ati, 12i
yaiku jatu krama. 7a
99