Kaca:Rembuyung.pdf/100

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

I. Mulyadi

BOCAH YATIN
Maskumambang)

Pepindhane gabus kumambang ing warih,
Ginawa ing toya,
awak iki mbuh ra ngerti,
katali katula-tula.

Duk samana dwi warsa kelakon iki.
tininggal keng bapa
biyung uga mati,
wak mami krasa nelangsa.

Nora ngerti sangkan paraning dumadi,
ginaris Hyang Kwasa,
sumangga karsa dhuh Gusti,
saderma nglampahi amba.

Dhatan wonten pencokan saari-ari,
beja ana simbah,
sandhang boga den paringi,
rina wengi nunut mulya.

101