Kaca:Rembuyung.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Yan Tohari


SING RINUNGU


sing rinungu saka tetes bun tan liya
kajaba wening tirta ndumunungake gatra wengi
sing nate tinulis dening Arjuna ing pangkone Semnoaura
ana ara-ara kekebekan pasren reroncenan sewu puspa

sing rinungu saka keplasing samirana tan ana liya
kajaba jumepreting warastra, milahake gegatraning sedya
kang nate kukuhi dening satriya Madukara klawan Ngawangga
ana curiga ligan kapurba mawa sesantining kautamaṇ

sing rinungu saka tumuruhing cahya tan liya
kajaba sumilaking pangawikan, ngirihake lajuning kalbu
sing kategesake Ki Dhalang ing wewatoning pakeliran lan
blencong
ana pepuntoning lelakon sing kudu tinetepan tancep kayon

Karangdowo, 1997

95