Kaca:Rembuyung.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

KOTHAK PUTIH

rikala durung ana batangan saka sewu cangkriman
kothak putih paweh pratelan
yen wusanane ...
kabeh cangkriman bakal binatang
ing urip manggih pepungkasan
manjing ing kothak putih
sing nyihnani samukalir pepulih


TENGARA

tengara iki karacik sauruting trotoar kutha
kababar ing kertas-kertas lusuh sing luput jinumput
para pamulung, ukara-ukara iku tinulis mawa tinta pitakon
apa isih ana tembang lelawangan kalane jaman pijer
nggegem curiga arogan

Karangdowo, 1997

96