Kaca:Rembuyung.pdf/93

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Winartiningsih


DHUWIT

Ngalor ngidul golek dhuwit
Lila dadi gedibal nglabuhi dhuwit
Kecukupan butuhe marga dhuwit
Gawe ayeming ati iya dhuwit

Nanging .....
Dhuwit uga marganing cilaka
Dadi dalaning manungsa sangsara
Lali marang sapadha-padha
Apa maneh kanca.


SEPI

Sumilir angin padesan
Tumiyup lon alonan
ndayani kekesing kalbu
merbawani atising raga
tan ana swara
apa maneh kanca

93