Kaca:Rembuyung.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan


Warisman

WIT KANG NGREMBUYUNG


Pindha wit gedhe ngrembuyung
Sang pangayom nuwuhake rasa tentrem
Ibu bapane aku sambat
yen pinuju ana pepalang
Eman Bathara Kala remen memangsu
wit ngrembuyung sinempalan
pange lan rerontokan godhonge
Ibu tan bisa uwal saka panggrogote kala
Aku mung bisa ndonga
Muga-muga antuk sihing Gusti

92