Kaca:Rembuyung.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

tanpa awer-awer
kebak gudhig lan nanah!
Apa Sliramu nampa tekaku????

Oh, Kangmas ......
Besemen aku ing samodraning tatu!
Banjur .....
Aku nyuwun mustaka-Mu
busana-Mu, lan
usada-Mu!

Yogya, September 1993

PAPA

Canting jali cala ina
lumaku
mecaki dalan rumpil
ati cuwil . . .

Diregem rasa sakehing rasa
rasa rasaning manungsa papa
pangina panyindhir
lic gumilir
ati getir
urip kepuntir
rodhaning takdir

Yogya, Oktober 1993

91