Kaca:Rembuyung.pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

Waryanti

KAPANG

Slira-Mu takanti jroning
Kapang sinalimput
Ayo Kakang...
angrapet keket
anambani grenjet
Aku tan kongang
nyirep ubaling
kahyun

BALI
Aku bali, Kangmas!
Jantungku ngelak,
atiku luwe.
Pangumbaraku ing samodraning pancawisaya.
arowang dursayatin,
nut iramaning sruni retah,
wus tekan tapel wates.
Aku bali, Kangmas!
Nanging,
aja dipriksani .....
gembungku tanpa sirah

90