Kaca:Rembuyung.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

WENGI KANG ATIS

-kanggo: menara gadhing

Wengi kang atis, uripku
Apa kang tak kangeni nggraita
Sujana gawe ati keranta-ranta

Kang tak kangeni lan tak enteni
tanpa pawarta
trubus tresna ing atiku, alum
pupus kuncup tresna,
wengi tansaya atis

Semanggi, lingsir wengi, 27 September 1997

87