Kaca:Rembuyung.pdf/86

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan


Wakidi

GURIT ESUK

- kanggo mitraku: Chiahem

Gurit esukku tangi bareng ocehe manuk-manuk
Srengenge sumunar nggugah krentagku
Mblengkeri papan kalairanku, Jatiroto

Kumlawene godhong-godhong jati
ing pereng gunung
kluruke pitik alas ing pencit gunung
nyuwek langit
Jatiroto gawang-gawang

Aku kepengin mulih
nancepake balung ing tengah alas
aku kepengin nembangake
papan kalairanku marang anak-putu
kang urip ing tengah kutha

Semanggi, lingsir wengi, 27 September 1997

86