Kaca:Rembuyung.pdf/88

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

BOCAH-BOCAH ING PRAPATAN NONONGAN
-kanggo: Dianing lan Dianpuri

Bocah-bocah ing prapatan Nonongan
Rebutan srengenge
Kang tumiba ing dalan Slamet Riyadi
Mripate netesake iluh

Bocah-bocah ing prapatan Nonongan
Ndudut thukule geguritan iki
Munthes ancas tuku bestik ati
Aku rumangsa
Kabeh manungsa kepengin urip mulya

Aku eling aku iki sapa
Lan ngerti sapa bocah-bocah kuwi
Iluh ing mripate netesi teleng atiki

Nalika tak racik gurit iki
Tangise bocah-bocah ing prapatan dalan gedhe
Ngrembaka ing angenku
Bocah-bocah pating sliwer:
tawa koran, semir sepatu, mbarang,
lan ngemis
aku nyawang bocah-bocah kuwi
aku nyawang jaman saiki

88