Kaca:Rembuyung.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

AWAKKU


Awak iki
aku mlaku dhewe
mecaki emper-emper toko Cina
nggoleki sisaning ati kang rengka
godhong garing dadi seksi:

ilange ati kang semplah
ilange ati kang loyo

godhong garing kabur kena angin
tiba ngedhangkrang
ing sandhuwuring dalan
nanging ...

godhong garing tan bisa mosik
ing rodha mbekisik
kaya atiku kang kasaput esem wayu

85