Kaca:Rembuyung.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

Banjur....? Akeh bencana !!
Ana biyung tulung-tulung kelangan pinjung
Ana gelandhangan padha mbathang
Ana pemulung lonthang lanthung
Ana kere dhedhe mrana-mrene
Ana limbuk thenguk-thenguk tunggu buk

Kabeh ngantu-antu tekane pincuk
anunggu pijero gero-gero
angantu tumetesing sih kamanungsan

Garising kamanungsan datan kena sinelaki
wong sugih atine ringkih
rasa kamanungsan wus luntur kalindhih
sanadyan bandha titipan nyawa gadhuhan
sirna kagiles rodhaning jaman eḍan

Nuladha laku utama-rama-pandhita-Sang Ulama
makarya datan embel-embel apa-apa.
rasa kamanungsan cinipta mring sasama
kumlawea kanggo bandha tan sirna
sadurunge swara sangkakala tandha puputing donya
Elinga: Ambegan iki kagungane sapa???

Yogyakarta, Agustus 1997

84