Kaca:Rembuyung.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan


o, uler jedhung kang ngranggeh kembang gadhung
kang pijer dolanan eri kemarung
0, uler kilan, sing saya ngeculke cekelan
iki jaman wis ngglindhing seka ukelan
butuh pangruwat lan metamorfose-mu, Ler

   “Tulung! Tulung! O, Gusti
   sauten awak sing kecemol ombak iki
   apa iki umpluke banyu lali”

   “Ora! Ora bisa
   merga kowe wis cengkir tiba ing sawah
   arep mukir yen kesampiran polah?
   Ladhalah!”

   uler iku dadi ratune panaker
   tindak suker karana nyimpang wewaler
   enthung iku emoh ngutahake tlutuh

Ler,
takeren wong-wong sing pijer gigrig
elekna wong-wong sing suthik noleh githoke
elikna yen jaman iki kari nunggu kleyange godhong garing

Yogya, 1997

78