Kaca:Rembuyung.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung


Suwardi Endraswara


BALADA SI ULER KAMBANG


Ler,
ing palintangan klawuk kuwi
   -dongengmu tumangsang
ing crita kesingsal iku
   -dongamu nglayang
ing ayat kepangan mangsa kuwi
   -lakumu tansaya ngambang

Ler,
Sapa sing uripe parang apg wulu kae,
   +uler turita
   + o, teka tega ngulu galihe: panguripan
   + teka kolu ngeleg oyode kasantosan
kowe ta, sing pijer ngumbar ukara gatel
uripmu nyiluman, lendheyan-kawibawan
seneya fansal embuh, ar nyata durung gambuh:

uripmu gawe alum
pupus pepes kang nedheng kumencur
kabur keber cabar ketiyup ing angin
ninggal wangsit tandha semu
sepi sepen ing sopuna

77