Kaca:Rembuyung.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung


PITAKONE CENGGERET NONG


Nalika cenggeret nong mburu luming-
sire srengenge, njur nyebar pi-
takon. Pitakon marang tume-
lunge pang-pang lungse,
yen dhalang wis tan-
pa wayang, apa
tetep sinebut
dhalang?
yen
wayang tanpa dhalang; apa tetep je-
neng wayang? yen priya tanpa wa-
nita; apa tetep priya? Yen
wanita tanpa jejere pri-
ya; ing ngendi ta je-
jere wanita? Yen tarekat tanpa hakikat??
yen
kursi tanpa kalungguhan, apa tetep
kursi? Yen wong tanpa kursi;
apa tetep wong? yen raga
tanpa nyawa; apa tetep
raga? Lamun curiga
tanpa warangka
apa tetep
curiga?
yen
?
Yogya, 1997

79