Kaca:Rembuyung.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

Gusti,
iga tuwin daging kawula punika sedaya
sih peparing Paduka
Paduka paringaken manunggil wonten ing badan kawula
Mugi sageda tumut urun kagem kamulyan Paduka.


ESUK ING SELOLIMAN


Esuk ing Seloliman daknikmati hawa adhem kang ora kekes,
dak isep aslining hawa winot arum-aruming kekembangan
keprungu ocehing manuk-manuk lan eriking wewalangan
kang umyeg mecah kaweninganing ratri,
pating kleper -- pating pencolot -- nambah kompliting pasugatan
kang dadi pamareming pancadriya,
adhem ora kekes...............!!!
Aku dikekep ing swasana kang alami,
kaya-kaya dirangkul ing SIH KATRESNANING GUSTI KANG
MURBENG DUMADI........

76