Kaca:Rembuyung.pdf/75

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Suparni

IGA LAN DAGINGKU


Gusti, sampun ngantos iga kula kraos sakit,
amargi punika peparing Paduka amrih jangkep
lan wetahipun céciptan Paduka.
Sampun ngantos iga kawula nocog jantung lan
manah kawula, supados kawula
tanpa pambengan mulyakaken
Asma Paduka

Gusti, sampun ngaiitos daging kawulakraos pegal
saha ngilu, amargi punika peparing
Paduka amrih lestantun
sempuluring sarira Paduka.

Sampun ngantos uci-uci wonten ing badan kawula
ingkang supados ........
..... mripat kawula saged ningali Wadana Paduka
..... kuping kawula saged mirengaken Sabda Paduka
..... irung kawula saged ngambet aruming sesekaran
ciptan Paduka
..... ilat kawula saged ngraosaken pasugatan
peparing Paduka
... kulit lan tangan kawula saged nggrayang saha
ngraosaken sih - katresnan Paduka

75