Kaca:Rembuyung.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

MARANG ANGIN



kalamun cakrawala tanpa tepi
tiyupna wangine melathi
tangsangna pangimpenku
kang ajer kegarang mangsa
tan kuwawa nyawuk banyune tlaga
kamangka ketiga tansaya dawa

kalamun tirta rinasa sepa
obongen slangkrah sisaning prapen
kang mangalad manguntur jiwa
necep madu legining wisa
anabur manis saranduning raga
ngoyak kumleyange jitapsara

kalamun tekamu tanpa warta
tutupen babahan hawa sanga
kembang padupan sanggar pamujan
gumelar nyawiske banyu penguripan
meleng jatining rasa rasa jati
nganti pecake nyawa iki

63