Kaca:Rembuyung.pdf/62

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan


ING SELOKAN MATARAM



apa ana kang durung kawaca
menawa kabeh wus binuka
langit tan kamendhungan
lebu onya ing samirana

apa ana kang durung kagrayang
menawa jroning ketiga dawa
tetes tetesing tirta
kuwawa masuh lemah nela

apa ana kang isih ketriwal
menawa pang-pang turi dadi seksi
papan tumangsange pangimpen
ngalintir nut wirama bedhaya

apa ana kang isih bisa diantu
menawa warana ngadhang sadawane laku
lakuku lakumu
kandheg ing semu

62