Kaca:Rembuyung.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

Rochjati Sutirman


PAMIYARSA TAMU SAKA MANCA NEGARA

kanggo: Ny. Barbara



Sapandurat atiku isin lan trenyuh
salagine tamu manca
wasis lan baud
nggegulang basa kita
Balik aku minangka pribumi ing kene
amung thonga-thonga kadya kebo
Nanging bab iki minangka
pamecuting pribadhi
kanggo nggegulang kang tumemen

64