Kaca:Rembuyung.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

manther ing babagan kasusastran Jawa. Greget kang manther mau nyata-nyata pancen isih ana awit kita kabeh sajrone sepuluh dina bebarengan bisa ngracik, maca, ngonceki, mbela, nggugat, lan ngrumpi babagan kasusastran Jawa.

Para kadang, uga perlu panjenengan uningani, dene guritan lan macapat kang bisa kamot ing antologi iki ora adhedhasar tetimbangan mutu utawa apik lan orane. Amarga antologi iki mung, sepisan maneh, kanggo cathetan lan bukti menawa kita kabeh tau bebarengan ngraketake greget kang gumregut ing babagan kasusastran Jawa, mula tetimbangan kang dinggo ora ana liya kejaba mung pesta (tipis-tipis ning rata, sithik-sithik ning rata). Emane, karepe mono kepengin rata, yaiku jeneng lan racikane para peserta bengkel sastra bisa kamot kabeh, nanging nyatane ora kabeh peserta ngracik guritan utawa macapat. Malah, ana kedadian kang njomplang ing babagan iki. Ana peserta sing sregep, racikane akeh, nanging uga ora sethithik sing racikane mung siji utawa malah blas ora duwe racikan. Mula saka kuwi, ing babagan iki, aku kang mandhegani lan ngedhitori nyuwun supaya panjenengan kabeh maklum amarga mung bisa nyaosi pasugatan antologi ora mingsra kang kaya panjenengan adhepi iki.

Kaya-kaya mokal yen buku antologi geguritan lan macapat iki bisa kababar jer tanpa ana pambiyantu saka panjenengan kabeh. Mula, ing kalodhangan iki, kita pantes ngaturake gunging panuwun karo (1) Drs. Suwadji, Kepala Balai Penelitian Bahasa, lan Dra. Sri Widati, koordinator subbidang sastra, kang wis keraya-raya ngayomi lan ngrancang anane kegiyatan bengkel sastra Jawa 1997, (2) Dr. Suminto A. Sayuti, penyair kang uga dosen FPBS IKIP Yogyakarta, lan Drs. Dhanu Priyo Prabowa, peneliti kang uga pengarang Jawa sing jenenge wis wiwit moncer, minangka tutor kang wis ngesok lan nyuntak pengalamane kanggo para peserta bengkel sastra, (3) Drs. Sri Harjanto Sahid, dramawan kang uga pelukis lan dosen Asdrafi, lan Kang Mas Yoyok “Ki Bongol” Aryo, aktor Yogya kang wis kawentar ing babagan seni peran, minangka “bintang tamu” kang wis paring pangandikan bab cara-carane maca guritan lan macapat, (4) kabeh para peserta bengkel

4