Kaca:Rembuyung.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ATUR SAPALA

Para kadang, para maos, lan para sutresna basa lan susastra Jawa, ing wektu iki puji syukur alhamdulillah wa syukurillah pantes banget menawa kita aturaken marang Panjenengane Gusti Kang Maha Wikan, awit buku kang asesirah Rembuyung: Antologi Geguritan lan Macapat kang kaya panjenengan adhepi. iki bisa kababar kanthi pantes lan premana. Buku kang kandele ora sepiroa iki awujud kumpulan guritan lan macapat kang karacik dening anggota Bengkel Sastra Jawa 1997. Bengkel Sastra Jawa 1997 iki salah sawijining kegiyatan kang diadani dening Balai Penelitian Bahasa Yogyakarta sajrone sepuluh dina, yatku saben dina Minggu, wiwit tanggal 10 Agustus tekan 12 Oktober 1997, manggon ana ing kantor Balai Penelitian Bahasa, Jalan I Dewa Nyoman Oka 34, Yogyakarta. Dene para kadang kang ndherek nyengkuyung kegiyatan iki cacahe 60, kang kaperang dadi loro, yaiku para guru SLTP ing Daerah Istimewa Yogyakarta cacahe 30 lan para anggota Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta cacahe 30.


Panjenengan perlu pirsa menawa kababare buku antologi geguritan lan macapat iki ora nduweni ancas kang sundhul langit, kang dhuwur lan muluk-muluk, kayata supaya kasusastran Jawa bisa urip langgeng lan tansah ngrembaka. Kababare buku antologi iki ora ana liya kejaba mung kanggo cathetan lan bukti menawa kita kabeh --para kadang sutresna kang isih percaya menawa kasusastran iku bisa dadi salah sawijining “makhluk” kang migunani-- isih nduweni greget kang

3