Kaca:Rembuyung.pdf/7

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sastra kang wis sumadya lara-lapa nyengkuyung kegiyatan bengkel sastra, lan (5) kabeh para panitia, yaiku Dra. Prapti Rahayu, Agung Tamtama, Sugiharto, Muslim Marsudi, fan Sardi, kang wis kedlarung-dlarung anggone ngurus bengkel sastra sajrone telung sasi. Sepisan maneh, kita kabeh ngaturake sembah nuwun awit kanthi lega-lila panjenengan wis kersa ngaturi ulat kang padhang lan esem kang sarwa manis.

Atur kang pungkasan, kang jejibah mandhegani ora bisa matur apa-apa kejaba mung nyuwun pangapura jer ana babagan kang kurang trep lan trapsila. Muga-muga buku antologi geguritan lan macapat iki ana gunane, lan muga-muga, kanthi palilahing Gusti, kita kabeh bisa ketemu maneh ing kegiyatan Bengkel Sastra Jawa candhake (1998). Matur nuwun.

Tirto Suwondo.

5