Kaca:Rembuyung.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

TUGU

Winangun binabar jejeg nggejejer
Rinengga sekar ukir sumebar sekar
Ener pancer punjering adil
Kinubengan surya candra sangkala
   Tiningal tan megeng napas
   Tinunggonan tan mosik obah
   Ener wangsiting nata brata
   Anjunjung asma langgeng anata
Amusthi lenggah tinangkil
Nuju wisiking Hyang Adil
Anung neng anandita semedi brata
Run tumuruning wahya boga.

Tugu
Tuhu gugulanganing ujud
Tiningal ngumbara tinanjir ajeg
Tumus kapang ngangeni janji luhung
Osiking nala kang samya bingung
Sumeleh mosik gumanti anteng
Wangsul ing keblating pancer

   Yen dalu kumelip lampu
   Pindha sesotya tinata
   Osiking driya manuhara
   Lelipur panggalih rengu

42