Kaca:Rembuyung.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

J. Kusumadi H.M.


TAPLAK MEJA

Dhedhasar kang gumelar
Sumunar
Nggambarake ati lejar
Gumelar waradin
Ngemuli kang kawudan
Nembus rasa
Welas, asih
Karya pepadhang
ati kingkin
Lamun tan tinupan
Kucem, lingsem
Ngemu rasa ...

41