Kaca:Rembuyung.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Tugu rinengga manik nilam zamrud
Sandyaning panyawang kapikut
Kang samya nilar tan pegat emut
Pralampita enget mring eyang buyut

Tugu
Tinanjir ing padon pat
Sesantining keblat
Enget purwa wasana
Pendah duksina paksina
   Glong nala bolong
   Panggalihe plong
   Pinanggih bodyaning kadang
   Pangumbara wangsul sing sabrang

Tugu
Pandom enering laku
Palining keblat papat
Ancasing trusing tekad niyat.

Yogyakarta, Agustus 1997

43