Kaca:Rembuyung.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

TANGGAP ING ATI

Nalika ndak jinggleng kahanan ing tengahing sonmya wengi
Ngepasi langit biru karon sih lan sunaring kartika :
Ati iki njerit pindha kegarit krasa cumlekit
Sesotya kalpika meh coplok saka embanan
Kesampluk endahing kembang saka trubusan
Sing neba leledhang ing tengahing grumbul ijo, .
Meh kumawa nyaut bun-bun ing panging katresnan
Sempalan kembang trubusan sing sain urip jroning taman.

40