Kaca:Rembuyung.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Is Sardjoko

GUYU LESU ING KAMAR KLAWU

Esem lan guyumu pancen manis cah ayu
Senajan atimu sejatine remuk rempu
Ing kamar klawu saben wektu angranti tamu
Biyung angkatmu kuwasa nemtokake regamu
Adhuh lae, dheweke cukup kendhangan dhengkul pamer guyu

Yen kabeh wis dumadi njur sapa sing salah?
Paraga?, si Germa, apa jamane sing pancen wis bubrah?
Nyatane korining kautaman racake wis tinutup kinancing tatah
Mula ora mokal senajan ajine wis padha jlantah
isih kuwasa ngobral esem guyu latah-latah

39