Kaca:Rembuyung.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan


GELUNG KONDHE

Ginelung rikma satampah agung
cemani rupa cem-ceman ceplok piring
tumancep kondhe sekar kenanga
wangi arum angambar ganda
busananing wanodya jawi
dereng jangkep lamun tanpa gelung
sru pantes gelung laras mahanani
gandhes luwes nenarik ati

September 1997

38