Kaca:Rembuyung.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

POTELOT

nuntun driji
jejogetan
ing lataring geguritan
mung siji mrantasi
nyuntak isining ati
bisa hakarya lega

ning saiki
bingung kadlarung
kesusu tepis
potelot wis tanpa mimis
tan kuwawa mosikake driji
beksaning gurit wis lerem
sidhem
premanem

September 1997

37