Kaca:Rembuyung.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan


tumindak ala dadia sirna
kepara anyapa ing pepadha
rembulan kang ayu rupa
nuntun urip prasaja
kinanthen beja
amboyong mulya
    nadyan nyawang saka mandrawa
    ginelut rasa ewuh aya
    teka ulun nandhang asmara


September 1997

36