Kaca:Rembuyung.pdf/35

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

I. MULYADI


REMBULAN

cahya sumunar teja jenar
angel kinandha sulistyaning pasuryan

    kala anem wancine
netra liyep lir alis nanggal purwaka
anganglang awang-awang

    tumekeng madya yuswa
Salira agung saya ketara
sunar kwagang hakarya pepadhang
padhang donya pindha raina

    nadyan wus kaladuk umur
datan mundur kabirat ing pedhut
mega mendhung mbangun miturut
sumilak aweh marganing surya
tumiba ing jagat raya
padhang jingglang anggegana
ndayani tentrem saramba
ayom-ayem ing tyas jalmi
adoh saka rasa cubriya

35