Kaca:Rembuyung.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Eko Nuryono


GELAS-GELAS ING NDHUWUR MEJA


wujud lan isine gelas ing ndhuwur
meja iku kabeh padha
mung rupa banyune wae
sing beda rupane

sing coklat,
merga pengaruh sari pathine
godhog the
sing bening,
wedang wantah

nalika lungguhe wong-wong
kang ngubengi ruwangan iki
polatane ndhelikake rasa sing
ora padha
gelas-gelas ing ndhuwur meja iku
tetep anteng

29