Kaca:Rembuyung.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan


SULUK ING MANGSA KETIGA

pokalmu malang kering
nembangake palaran marang sang bagaskara
temen mung nuduhake cupete nalarmu dhewe
delengen kali-kali asat
telaga-telaga garing
banyu sing wingi kimplah-kimplah
saiki mung ninggal lemah-lemah blengkah
ing sela-selaning tukul suket
papan pandhelikane kewan mawa darubeksi
kang bakal mungkasi uripe si kodok
sing saben bengi ngreridu nembangake asmarandana
merga rasa kapange marang banyu udan

Kasongan, Agustus 1997

30