Kaca:Rembuyung.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

GURIT PANGGURIT


aku panggurit
ngronce tembung, ngrakit ukara
sawayah-wayah
dadi gatra, dadi pada
tanpa lagu, cukup wirama

saweneh bab ora dunung
nalikane gurit mawujud
kudu dadi tenger
tulungana, mitra
silihana tembungmu
"cumbana"

nadyan saru, ora lekoh


26 Agustus 1997
28