Kaca:Rembuyung.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Effy Widjono Putro


TEMBUNG



Tembung, ra kapetung
nadyan pra ekonom
kamangka mulabukane ngegla
hana caraka nganti wusana

kang diwijang angka-angka
nadyan isih dadi congkrah
endi dhuwur endi cendhek
nadyan wilangane cetha

Siji Ta mbejaji
loro kuyuhan coro
telu ela-elu
papat ulate njepat
lima awatak sima
nem merwasa tuminem
pitu mrawani putu
wolu buyute kolu
sanga ketaman singa

siji maneh, makutha utawa puthul
tembang ra kawilang
angka ra kapetung
wataking manungsa
ngaha

27