Kaca:Rembuyung.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

ANJINK GONKGONK

1/3 RONK.


Wong-wong tuwa njenggirat
ndulu jangkae bocah adoh keplantrang
mlebu jantung alas larangan
paguron kamrosalan.
Dhuh, urip sepisan sinugata
woh simalakama
dipangan bocah dadi banten
ora dipangan
kurang bejane prau bisa kerem.

1997
26