Kaca:Rembuyung.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Djaimin K.



WOH SIMALAKAMA


Kadereng mburu manising pangimpen
wong-wong tuwa katalompen
ngluberke anggur asih
marang tetesaning getih wohing sih

Bocah-bocah kesingkur
kelangan gondhelan
rame-rame ngipatke ngeraking ati
sumingkir saka sepaning omah.
Sepining ati diwadulke marang wengi
muneg-munege dikesotke
tembok-tembok kutha

JOXZIN
GENERAZI Q-ZRUH
ZUKHA X-TAZZI
PHILL QOWPLOU & WHYZ-Q
PERZETHAN ORANK OMONK
ANJINK GONKGONK
1/3 RONK.

25